P A
N G K U R
Jangka Kagem Tanah Jawi
Sekar Pangkur Ginupita
Wonten Resi Saking Ngatas Angin
Ngejawa Njujug Ing Gunung
Ing Kendheng Tanah Ngayogja
Asung Weca Yen Hardi Merapi Njebluk
Mbenjang Pecah Hardi Sigar
Dadi Kali Tanggung Nami
Cleret Tahun Nggegranjang
Kilat Thathit Kekuwung Lan Obar – Abir
Surakarta Pindhahipun
Tan Kenging Yen Dinuwa
Papan Iku Wus Kersaning Hyang Agung
Yeku Nagri Surakarta
Keratonipun Mbenjanng Ngalih
Sinareng Ing Tanah Jawa
Nuli Wonten Pernyakit Ndatengi
Lamine Hari Wulan Puniku
Satanah Jawa Warata
Para Kawula Sami Nggiris Manahipun
Ketaman Benduning Hyang
Nyarengi Mangsa Paceklik
Kawastanan Jaman Edan
Kathah Jalma Nglampahi Sungsang Balik
Kataman Ing Kala Bendu
Para Hambek Sarjana Katur Kasingkur
Hardaning Angkara Murka
Mustaka Candhaning Ati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar